Selasa, 26 Juli 2022

ASAL USUL PANTAI WIDURI

 

Sumber foto wikipedia

Ana ing abad XV, pesisir lor Jawa Tengah isih akeh alas lan rawa-rawa. Warga kang manggon ana pesisir iku isih sethithik. Ing pesisir kang saiki dadi wilayah Kabupaten Pemalang urip wong lanang wadon kang jenenge Kaki lan Nyai Pedaringan. Pasangan iki beda banget. Kaki Pedaringan yuswane luwih saka setengah abad, nanging Nyai Pedaringan isih enom banget. Nanging ora dadi alangan wong loro kae ngrajut benang-benang tresna asih. Pegaweyane kaki lan nyai Pedaringan yaiku tani, ngolah sawah kang maune arupa rawa-rawa sak dawane pesisir segara ditanduri palawija lan semangka.

Ing sawijining dina, esuk-esuk Nyai Pedaringan dhewekan ana ing gubuge, isih nyiapake sarapan, Kaki Pedaringan pun tindak dhateng sabin. Ora suwe, teka wong lanang kang bagus rupane. Dheweke njaluk pamit mlebu. Nyai Pedaringan kaget, dheweke isih mlongo sajake bingung banjur Nyai Pedaringan ngamati wong bagus mau saka dhuwur tekan ngisor awake. Ing lengen tengene ana getih ireng kenthel, ing gegere ana barang kang nyelip malah kaya gaman pusaka kerajaan, sajake sapa wong iki? Pitakon iki kang ana ing jero atine Nyai Pedaringan.

Ora let suwe pawongan mau ngenalake kanthi santun nyeritake asale muasale dheweke teka ing gubug nyai Pedaringan. Wong lanang kang bagus mau yaiku Pangeran Papak Purbaya. Punggawa saka kerajaan Mataram kang lagi ngemban tugas ngadhemake pamberontakan kang dipimpin dening Salingsingan saka Cirebon. Salingsingan pingin ngrebut lan nguasani Jawa Tengah saka Mataram.

Sabtu, 04 Juni 2022

GLADHEN PENILAIAN AKHIR TAHUN (PAT)

 I.   Pilihen kanthi menehi tandha ping ing wangsulan kang bener!

 1.      Kidang sing dioyak Ramawijaya mlayu sangsaya adoh saka papan dununge Dewi Sinta lan Raden Laksmana. Prastawa Ramawijaya ngoyak kidang kencana dumadi ing

....

a.       Sawah

b.      Alas

c.       Pategalan

d. kali

2. Ing ngisor iki wateke tembang kinanthi, kajaba ....

a.       Sengsem

b.      Seneng

c.       Galak

d.      Mituturi

3.  Rara Jonggrang maringi sarat marang Bandung Bandawasa yen arep ndadekake garwa kudu ...

a.  semadi nyenyuwun marang Dewa supaya jin setan periprayangan padha rerewang

b. nyuwun digawekake candhi sewu cacahe, sing digawe sajroning sewengi

c.  nyuwun mrentahake para nonoman wadon padha nyapu latar senajan isih durung parak esuk

d. kudu menang melu sayembara lawan para senopati kraton

Jumat, 03 Juni 2022

GLADHEN PENILAIAN AKHIR TAHUN KELAS 7

 I.          Wangsulana pitakon ing ngisor iki kanthi menehi tandha ping (X) ing aksara a, b, c, utawa d sing koanggep bener!

1.      Wacan utawa teks kang nggambarake prastawa/kahanan iku diarani wacan …

a.       Narasi            

b.      Deskripsi                   

c.       Persuasi                     

d. Argumentasi

2. Sinten ingkang nyerat Serat Wulangreh?

A.      R.Ng.Ranggawarsita

B.       Yasawidagda

C.       Pakubuwana IV

D. Hamengkubuwana IV

3.     Apa pesen utawa amanat crita wayang Kidang Kencana?

                       a.          Dadi wong aja seneng tetulung

                       b.          Dadi wong kudu tansah waspada, aja gampang percaya wong liya

                       c.          Dadi wong kudu seneng gotong royong karo sapadha-padha

d. dadi wong kudu bisa males kebecikan wong

Selasa, 17 Mei 2022

LEGENDA BANYUMUDAL

Banyumudal menika salah satunggaling desa ana ing kecamatan moga kabupaten Pemalang. Kocap kacarita ing sawijining panggonan kang adoh saka Kota, ana wanodya ayu kang namine RaraJuminten. Sangking ayune, prasasat kaya dene widodari kang mudhun saka kahyangan.

Wis ayu rupane, Rara Juminten uga kalebu wanodya sing grapyak semanak, karo sapa bae seneng tetulung. Hebate, Rara Juminten duwe kesaktian, yaiku tansah kecukupan kabutuhane banyu sanajan ing mangsa ketiga dawa pisan.

Mula para warga masyarakat sekitare kepengin bisa kaya Rara Juminten. Wusanane para warga nekani Rara Juminten lan ngandhakake apa sing dikarepake. Intine para warga nyuwun tulung marang Rara Juminten supaya bisa nduweni banyu kang akeh.

Mireng panyuwunane warga, kanthi lila legawa Rara Juminten saguh lan siap ngupaya supaya warga bisa oleh banyu kang akeh.

Selasa, 05 April 2022

GLADHEN PAT

Latihan soal untuk persiapan menghadapi Penilaian Akhir Tahun kelas 9 mata pelajaran Bahasa Jawa SMP, silahkan coba dikerjakan! 

1.       Karangan sastra sing awujud pada-pada tanpa titilaras dudu gancaran rowa, diarani........

2.       Sebutna paugerane geguritan tradisional!

3.       Apa Isine geguritan Mustikaning wanodya?

4.       Sapa Panganggaite serat wulangreh?

5.       Serat Wulangreh Pupuh Durma menika wonten ....... pada

6.       Guru gatrane tembang durma ana pinten?

7.       Apa Tegese cegah dhahar lan guling?

8.       Apa Isine Serat Wulangreh Pupuh Durma pada ke 2?

9.       Sebutna Guru wilangan lan guru lagune tembang durma gatra pungkasan!

10.   Sawijining cara kanggo menehi informasi marang masyarakat utawa wong akeh diarani apa?

11.   Sesorah bisa diaturake kanthi 4 cara, sebutna!

12.   Gawea perangane sesorah ngaturake puji syukur marang Pangeran!

13.   Mbokbilih wonten kirang sarta kalepatanipun anggen kula matur, kula nyuwun lumunturing sih pangaksama. Perangan sesorah iku kalebu apa?

14.   Gawea basa kramane :

a.       Bu Guru klalen ora gawa dompet

b.      Aku ora duwe duit, sing duwe duit Mas Al

c.       Aku balik jam siji, nek Ibu balik jam tengah papat

d.      Adhiku wis turu, sing durung turu Mbak Andin

e.       Aku wis mangan soto, Mas Al wis mangan bakso

f.       Aku seneng nonton Drama Korea, nek Simbah seneng nonton Ikatan Cinta